[go: up one dir, main page]

Menyang kontèn

Kali Yuga

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Artikel punika bagean saking seri
Filsafat Hindu
Ajaran Filsafat
SamkhyaYogaMimamsa
NyayaVaisisekaVedanta
Ajaran Vedanta
AdvaitaVishishtadvaita
DvaitaShuddhadvaita
DvaitadvaitaAchintya Bheda Abheda
Tokoh Filsafat Hindu
KapilaPatanjaliJaimini
GotamaKanadaRsi Vyasa
Patengahan
Adi ShankaraRamanuja
MadhvaMadhusūdana
Vedanta DesikaJayatirtha
Moderen
RamakrishnaRamana
Swami VivekanandaNarayana Guru
RamakrishnaRamana
Sri AurobindoSivananda
Caturyuga
SatyayugaTretayuga
DwaparayugaKaliyuga
Aksara Suci Hindhu

Wonten ing ajaran agama Hindhu, Kaliyuga (Sansekerta: कलीयुग) (dipunsebut ugi "jaman kanisthan") inggih punika salah satunggal saking sekawan jaman minangka siklus Yuga. Jaman sanèsipun Kali Yuga inggih punika Dwapara yuga, Treta yuga, kaliyan Satya yuga[1]. Miturut Surya Siddhanta (kitab ngèlmu astronomis ingkang dados dhasar petunging kalender Hindhu kaliyan Buda), Kaliyuga dipunwiwiti wonten ing tengah wengi jam 00.00, nalika tanggal 18 Pebruari 3102 SM miturut petungan kalender Julius, utawi tanggal 23 Januari 3102 SM miturut petung saka kalender Grégorius. Kali Yuga kalakon dangunipun antawis 432.000 taun. Nalika jaman Kali yuga, tingkat moralitas ingkang taksih wonten kantun seprapat saking ingkang wonten ing jaman Satya yuga, saéngga "Lembu Dharma" naming jumenenng kaliyan satunggal suku.[2][3]

Langkung kathah umat Hindhu yakin sapunika inggih masa jaman Kali yuga, éwadéné wonten ingkang ngendika bilih sapunika taksih jaman Dwapara Yuga. Miturut Sri Yukteswar,[4] wiwit taun 1699 Masehi, bumi sampun mlebet malih ing jaman Dwaparayuga. Nanging, manawi dipunpirsani saking kahanannipun, déning umat Hindhu, jaman sapunika langkung nedahaken tandha-tandha jaman Kali yuga. Wiwit taun 3102 SM dumugi sapunika, jaman Kali yuga tembé lumampah kirang langkung 5000 taun.[5]

Pelafalan tembung Kalibènten kaliyan tembung Kālī. tembung kali wonten ing Kali yuga boten sami kaliyan Dewi Kālī. Wonten ing tembung Kali yuga, kali ateges manifestasi négatif saking Wisnu ingkang nindakaken kanisthan wonten ing donya, saha minangka jalaran karisakan.[6] déné tembung kālī wonten ing Dewi Kali ateges cemeng, wekdal, pejah,(bentuk feminin saking tembung Kāla).

Tandha-tandha jaman Kali yuga

[besut | besut sumber]

Wonten ing kitab Wisnupurana katuturaken:

Nalika masa Kali yuga, wonten kathah aturan ingkang sami saingan satunggal kaliyan sanèsipun. Sedaya boten badhé gadhah tabiat. Tumindak nistha sampun dados pakaryan saben dintenipun. Kasucén saha tabiat ingkang saé dangu-dangu badhé ical....Raos greget saha nepsu dados kasenengan antawis pira saha wanodya. Wanodya badhé dados objek ingkang ngiket nepsu. Kanisthan dados bahan pados nafkah. Tiyang-tiyang pinter katingal lucu. Naming tiyang sugih ingkang badhé kumawasa.

Nalika jaman Kali yuga, kathah éwah-éwahan ingkang boten dipunremenaken ingkang kadadéan. Asta kiring badhé dados asta tengen, asta tengen dados asta kiring. Tiyang ingkang kirang ngélmi badhé dados tuladha. ingkang sepuh kirang tanggap dhumateng ingkang eném, saha ingkang eném sampun wantun nglawan dhumateng tiyang sepuh.[7]

Nalika jaman Kali Yuga, tiyang-tiyang ingkang tumindak nistha samsaya kathah, kabecikan sampun kirang saha mandheg.[8]

Nalika jaman Kali Yuga, ingkang meteng ing yuswa eném sampun dados samubarang ingkang biyasa. Panyebab utamanipun saking dampak sosial kaanan ing bebrayan ingkang dados salah satunggaling kabetahan ingkang utama ing pagesangan.[8]

Nalika jaman mau, umat manungsa dados alit, raganipun lemah, sarta méntal rohaninipun kirang. Yuswanipun manungsa rata-rata kirang saking 100 taun.[8]

Nalika jaman Kali Yuga, para guru badheé dipunlawan déning para muridipun. Dangu-dangu para siswa kélangan raos hormat. Piwulang sampun boten dipunregi, saha sadayanipun dipunkontrol déning nepsu.[8]

Samsaya kathah tiyang-tiyang ingfkang tumindak dosa, keadilan dados risak, saha murka Tuhan badhé dipunraosaken. Tiyang-tiyang ingkang dosa kaukum kanthi prastawa ingkang dipunkersakaken Tuhan, nanging tiyang-tiyang ingkang taksih gesang saha ningali taksih gadhah wekdal kanggé tobat.[9] Nalika tetuwuhan sampun mandheg anggnéipun ngembang, saha tetuwuhan buah sampun boten ngasilaken buah, nalika iku masa-masa ingkang nedahaken jaman Kali yuga badhé pungkasan.[10]

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. [1][pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 12 November 2012)
  2. The Mahabharata, Book 3: Vana Parva: Markandeya-Samasya Parva: Section CLXXXIX
  3. Bhāgavata Purāṇa 1.16.20
  4. The Holy Science, by Jnanavatar Swami Sri Yukteswar Giri, Yogoda Sat-Sanga Society of India, 1949
  5. [2](dipunundhuh tanggal 12 November 2012)
  6. CHAP. VII
  7. [3](dipunundhuh tanggal 12 November 2012)
  8. a b c d [4] Archived 2023-03-05 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 12 November 2012)
  9. Dharam Vir Singh (Alih Basa Déning I. G. A. Dewi Paramitha, S. S. (2006). Hinduisme Sebuah PengantarISBN 978-979-722-399-1. Surabaya: Penerbit Paramita.
  10. I Ketut Sukartha, dkk. (2003). Agama Hindu untuk SLTP Kelas 3ISBN 979-571-020-6 (jilid 1). Denpasar: Penerbit Ganeca Exact.

Cithakan:Topik Hindhu

C