Dwapara Yuga
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Artikel punika bagean saking seri Filsafat Hindu | |
Ajaran Filsafat | |
---|---|
Samkhya • Yoga • Mimamsa | |
Nyaya • Vaisiseka • Vedanta | |
Ajaran Vedanta | |
Advaita • Vishishtadvaita | |
Dvaita • Shuddhadvaita | |
Dvaitadvaita • Achintya Bheda Abheda | |
Tokoh Filsafat Hindu | |
Kapila • Patanjali • Jaimini | |
Gotama • Kanada • Rsi Vyasa | |
Patengahan | |
Adi Shankara • Ramanuja | |
Madhva • Madhusūdana | |
Vedanta Desika • Jayatirtha | |
Moderen | |
Ramakrishna • Ramana | |
Swami Vivekananda • Narayana Guru | |
Ramakrishna • Ramana | |
Sri Aurobindo • Sivananda | |
Caturyuga | |
Satyayuga • Tretayuga | |
Dwaparayuga • Kaliyuga | |
Dwapara Yuga inggih punika jaman ingkang angka tiga (3) wonten ing siklus Yuga. Jaman punika minangka jaman sabibaripun jaman Treta Yuga, ugi jaman minangka sadéréngipun jaman Kali Yuga. Jaman punika dangunipun antawis 864.000 taun.[1]
Peran kelas
[besut | besut sumber]Sedaya tiyang wonten ing jaman Dwapara Yuga minangka tiyang ingkang tumemen, gagah, wicaksana saha naming gegayutan kaliyan panebusan dosa saha remen nindakaken amal. Déné para raja naming seneng-seneng. Wonten ing jaman punika kapinteran ilahi sampun mandheg, saha sampun kirang anggénipun mangertosi kanthi ngèlmu kawruh babagan ilahi. Minangka kasilipun wonten ing pagesangan tumraping masarakat kados ta lelara, lelara, colong jupuk. Sabibaripun, tiyang-tiyang bakal sadhar kaliyan kalepatanipun saha nindakaken panebusan dosa.[2]
Brahmana
[besut | besut sumber]Brahmana minangka golongan pendeta saha rohaniwan wonten ing sawijining masarakat, saéngga golongan mau minangka golongan ingkang paling dipunhurmati. Wonten ing ajaran Warna, tiyang ingkang nyandhang gelar Brahmana amargi keahlianipun wonten ing babagan kawruh agama. Saéngga, status minangka Brahmana boten dipunangsal saking lair. Status Brahmana dipunangsal kanthi nindakaken ajaran agama kanthi tumemen dumugi tiyang punika layak dipunsebut rohaniawan.[3][4]
Ksatriya
[besut | besut sumber]Ksatriya minangka golongan para bangsawan ingkang tumemen babagan pamerentahan utawi administrasi nagara. Ksatriya ugi minangka golongan para ksatriya utawi para Raja ingkang ahli babagan militèr saha pinter migunakaken senjata. Kuwajiban golongan Ksatriya inggih punika ngayomi golongan Brahmana, Waisya, saha Sudra. Manawi golongan Ksatriya nindakaken kuwajibanipun kanthi leres, piyambakipun badhé angsal berkah saha pandonga saking golongan Brahmana, Waisya, sarta Sudra.[3][4]
Waisya
[besut | besut sumber]Waisya minangka golongan para pedagang, wong tani, warigaluh, sarta pakryan sanèsipun ingkang kalebet babagan niaga utawi sadaya pedamelan ingkang ngurus sadaya babagan ingkang asipat material, kados ta pangan, sandhang, papan, lsp. Kuwajibanipun inggih punika nyekapi kabetahan pokok (sandhang, pangan, papan) golongan Brahmana, Ksatriya, sarta Sudra.[3][4]
Sudra
[besut | besut sumber]Sudra minangka golongan para pembantu ingkang mbiyantu Brahmana, Kshatriya, saha Waisya supados pakaryanipun saged lumampah. Wonten ing filsafat Hindhu, tanpa golongan Sudra, kuwajiban tigang kasta boten saged dipunadani kanthi seimbang saha sami – sami paring kontribusi.[3][4]
Awatara ing jaman Dwapara Yuga
[besut | besut sumber]Kresna (Dewanagari: कृष्ण; IAST: kṛṣṇa; dipunwaos [ˈkr̩ʂɳə]) punika salah satunggaling Déwa ingkang dipunsembah déning umat Hindhu, awujud priya kulit peteng utawi biru tuwa, ngagem dhoti kuning saha makutha saking wulu merak. Sajeroning kagunan lukis saha reca, limrahipun Kresna dipungambaraken pinuju main suling sinambi jumeneng kanthi samaparan ingkang dipuntekuk. Legendha Hindhu sajeroning kitab Purana saha Mahabharata mratélakaken bilih Kresna punika putra kawolu Basudewa saha Dewaki saking krajan Surasena, krajan mitologis wonten ing India lèr. Kanthi umum, Kresna dipunsembah minangka awatara (inkarnasi) Déwa Wisnu ingkang angka wolu wonten ing antawisipun sedasa awatara Wisnu. Sajrroning sawatawis sekte Hindhu, kados ta Gaudiya Waisnawa, Kresna dipunanggep minangka manifèstasi saking bebener mutlak, utawi pawujudan Tuhan.[5]
Uga delengen
[besut | besut sumber]Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ [1]
- ↑ [2]
- ↑ a b c d Dharam Vir Singh (Alih Basa Déning I. G. A. Dewi Paramitha, S. S. (2006). Hinduisme Sebuah PengantarISBN 978-979-722-399-1. Surabaya: Penerbit Paramita.
- ↑ a b c d I Ketut Sukartha, dkk. (2003). Agama Hindu untuk SLTP Kelas 3ISBN 979-571-020-6 (jilid 1). Denpasar: Penerbit Ganeca Exact.
- ↑ Who is Krishna?
Artikel gegayutan Hindhu iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |