Valsartan
Valsartan ya iku sawijining obat keras kanggo nambani lara hipertensi (tekanan getih dhuwur). Indikasi valsartan iku kanggo nyuda risiko komplikasi stroke lan serangan jantung, lan panandhang gagal jantung utawa wong sing lagi kena serangan jantung.[1] Valsartan minangka obat oral sing kalebu ing kategori antagonis reseptor angiotensin II reseptor blocker (ARB) sing bisa gawé rileks pambuluh getih saèngga bisa mili lancar. Obat kasebut makarya kantih cara nyuda reseptor angiotensin sing nyebabaké pambuluh getih dadi amba. Menawa pambuluh getih dadi amba, tekanan getih sing dhisiké dhuwur malih dadi cendhék.[2]
Wujud
[besut | besut sumber]Valsartan maujud tablèt salut selaput 80 mg lan 160 mg.[3] Valsartan wis akèh diresepaké ing donya suwéné 15 taun. Wiwitané valsartan dirembakaké dening Novartis, banjur perusahaan Switserlan masaraké kanthi jeneng Diovan. Parusahaan Cina ya iku Zhejiang Huahai uga gawé obat iki. Ananging produk sing saka cina ditarik manèh. Ing Indonésia, produk valsartan sing ora ditarik amarga ora nganggo bahan baku saka Zhejiang ya iku Valsartan lan Valdix (saka Dexa Medica), Diovan (saka Novartis Indonesia), Tyoval (saka Novell Pharmaceutical). Valsartan (PT Etercon), lan Valsif (saka Ferron Par Pharmaceutical).[4]
Dhosis
[besut | besut sumber]Dhosis ngombé valsartan dijumbuhaké karo kahanan panandhang kaya déné:
- Hipertensi. Racaké panandhang tekanan getih dhuwur ngonsumsi 80 mg sedina. Manawa panandhang tekanan getihé ora kakontrol, bisa dimundhakaké nganti 160 mg lan ditambah karo diurètika. Ora dibutuhaké panjumbuhan dhosis kanggo panandhang sing duwé ganggunan fungsi ginjel utawa panandhang mawa ganggunan fungsi atu tanpa kolestasis.
- Gagal jantung. Dhosis ing wiwitan 40 mg sedina kaping loro. Panjumbuhan dhosis nganti 80 lan 160 mg sedina kaping loro kudu dilakokaké mawa dhosis paling dhuwur sing bisa dilakoni panandhang. patimbangan kanggo ngurangi dhosis kudu dilakokaké ing panandhang sing nampa diuretika.Miturut uji klinis, dhosis sing paling dhuwur ya iku 320 sing kapara-para.[5]
Èfèk samping
[besut | besut sumber]Obat valsartan bisa nyebabaké èfèk samping menawa asring dikonsumsi kaya déné:
- Mumet
- Hipotensi (tekanan getih cendhek)
- Mundhaking kadhar uréa-nitrogèn getih lan kreatin getih.
- Néutropènia
- Sinkop
- Vertigo
- Infeksi virus
- Kekeselen sing kebangeten
- Sesawangan blawur
- Hiperkalemia
- Watuk
- Lara weteng bagean dhuwur[6]
Pepènget
[besut | besut sumber]Panandhang kudu blaka marang dhokter menawa duwéni riwayat lelara saing naté ditandhang kaya ta gagal jantung, ganggunan ati lan ginjel, lan lagi nyusoni. Panandhang uga ora olèh ngonsumsi obat iki menawa lagi mbobot, lara dhiabètes, gagal ginjel, karusakan ati sing parah.[7]
Kontrovérsi
[besut | besut sumber]Taun 2018 kapungkur, Badan Pengawasan Obat lan Makanan (BPOM) Républik Indonésia, narik obat antihiperténsi sing ngandhut valsartan.[8] Tumindakan iki dilakoni amarga kandhutan valsartan ing obat dianggep mbebayani tumrap kasarasan lan bisa nyebabaké kanker. Valsartan iku kalebu obat keras sing kudu diombé nganggo résèp dhokter. Pirang-pirang valsartan sing didol uga ngandhut Nitrosodimethylamine (NDMA). Senyawa iki sipaté karsinogén lan racun kanggo liver manungsa. NDMA minangka hepatotoksin sing duwé potensi nyebabaké fibrosis ing liver uga tuwuhing tumor.
Kapustakan
[besut | besut sumber]- ↑ "Penjelasan BPOM RI Tentang Penarikan Obat Antihipertensi Yang Mengandung Zat Aktif Valsartan". Badan POM. 2018-07-12. Diarsip saka sing asli ing 2019-11-13. Dibukak ing 2020-04-28.
- ↑ Anwar, Firdaus (2018-07-24). "5 Fakta Valsartan, Obat Hipertensi yang Ditarik di Berbagai Negara". Detik. Dibukak ing 2020-02-09.
- ↑ "Valsartan". Kalbe Med. Dibukak ing 2020-04-28.[pranala mati permanèn]
- ↑ Zony, Evry (2018-08-07). "Valsartan Obat hipertensi telah di tarik di berbagai negara". Hub Sehat. Diarsip saka sing asli ing 2020-10-22. Dibukak ing 2018-04-28.
- ↑ "VALSARTAN". Pusat Informasi Obat Nasional Badan Pengawas Obat dan Makanan. Diarsip saka sing asli ing 2020-01-07. Dibukak ing 2020-04-28.
- ↑ "Valsartan – Dosis, Indikasi, dan Efek Samping (1)". Dokter Sehat. 2018-01-28. Diarsip saka sing asli ing 2020-10-22. Dibukak ing 2020-04-28.
- ↑ Pawitri, Anandika (2019-05-25). "Valsartan". SehatQ. Diarsip saka sing asli ing 2021-02-26. Dibukak ing 2020-04-26.
- ↑ Setyanti, Christina Andhika (2018-07-24). "Mengenal Valsartan, Bahan Obat Hipertensi yang Ditarik BPOM". CNN Indonesia. Dibukak ing 2020-02-09.