[go: up one dir, main page]

Menyang kontèn

Pacul

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Pacul
Macul sakdurunge tandur

Pacul kalebu salah sijiné piranti tradhisional kang digunakaké ing tetanèn.[1] Pacul minangka ngedhuk lemah, kanggo ngresiki lemah saka suket utawa kanggo ngratakaké lemah.[1] Pacul isih digunakaké nganti jaman saiki, nanging kanggo ngolah lemah kang luwih amba lumrahé nggunakaké brujul utawa traktor.[1] Pacul lumrahé digawé saka kayu lan wesi.[1] Kayu kanggo garan pacul utawa doran lan ing bonggol kayu ana wesi kang pancen digawé tipis lan landhep supaya kena kanggo macul.[1] Pacul kuwi ora mung digunakaké ing babagan tetanèn. Pacul uga minangka ngaduk bahan yasan. Kanthi migunakaké pacul, para tukang yasan bisa nyampur kanthi rata bahan yasan wujud wedhi, semèn, lan gamping.

Sajarah

[besut | besut sumber]

Kawruh ngenani pertanian kuna wis dingerteni bangsa Mesir pirang-pirang taun kapungkur.[2] Kabudayan Mesir jaya kang uga duwé prabawa tumrap kabudayan-kabudayan Barat jaman saiki ya iku makmur lan akèhé asil pertanian.[2] Wong Mesir dadi wong kang ahli kanggo ngembangaké teknik drainase lan irigasi.[2] Drainase ya iku mbuwang banyu kang wis luwih-luwih.[2]

Teknologi kanggo ngolah lemah bisa dimangertèni saka pacul.[2] Pacul asalé saka garan kang cacahé siji lan dhapuré lincip kang digunakaké kanthi obahan kaya wong ngethok.[2] Pacul kang sepisanan uga diarani bajak kuna, wujud pacul kang mung diobahké manungsa utawa kéwan kanggo ngeruk lan malik lemah.[2] Sawisé iku pacul banjur diowahi kanthi némpélaké wesi ing panggonan kang dadi tapel wates karo lemah.[2] Kanthi cara iki pacul duwé konstruksi kang luwih kuwat lan luwih gampang dienggo.[2] Saliyané iku, wujud iki uga nggampangaké lemah kang diwalik supaya saya akèh lemah kang diolah.[2] Pacul digunakaké wong Mesir dadi piranti kanggo panén lan kanggo njupuk tuwuhan sak lemah.[2] Pacul duwé warna-warna wujud lan ukuran.[2] Gedhé ciliké ukuran pacul dijumbuhaké miturut kagunan pacul.[2]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e distan.riau.go.id[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 21 Juni 2011)
  2. a b c d e f g h i j k l m lablink.or.id Archived 2011-09-05 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 21 Juni 2011)