Mimbar (Basa Arab: منبر, iku sawijining panggonan ing masjid kanggo Imam ngadeg lan mènèhi (kutbah خطبه). Mimbar lumrahé awangun mèmper menara cilik kanthi undhak-undhakan lan lumrahé dipaèsi nganggo ornamèn kang éndah,nanging akèh uga kang prasaja banget awujud panggung cilik nganggo trap utawa tlundhakan. Mimbar dumunug ana ing sisih tengené mihrab, cekungan panggonan imam mimpin salatjamaah madhep kéblat ing sajeroning masjid.
Ing sawatara masjid, uga ana papan kusus kanggo muazin ing sakmburiné mimbar, minangka panggonan muazin sajeroning ngayahi ibadat. Muazin iku tugasé ngumandhangaké adan lan nyerokaké wangsulan tumrap apa kang diwaca déning Imam. Imam jumeneng ana ing mimbar nalika mènèhi kutbah ing Salat Jumat, SalatIdul Fitri lan SalatIdul Adha. Amarga panggonané rada didhuwuraké, saka mimbar mau Imam bisa luwih gampang mirsani (lan dideleng) jamaahé. Imam kudu manggon ana ing trap kang paling dhuwur nyonto apa kang tuladha Muhammad.SAW
Ing agama liya, mimbar uga dipigunakaké ing gréja-gréja minangka panggonan kanggo mimpin ibadat ing agama kristen.