[go: up one dir, main page]

Menyang kontèn

Aias

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Pedimen Aias wonten ing kuil Aphala, 505-510 SM, Glyptothek, Munich.

Aias (Grikenlan: Αἴας) inggih punika satunggaling pahlawan wonten ing mitologi Yunani. Piyambakipun punika putra saking Telamon lan Periboia lan kalebet raja ing Salamis.[1] Aias punika ponakan Akhilles lan kakangipun Teukros. Aias gadhah peran ingkang wigati wonten Iliad anggitanipun Homeros lan wonten ing Siklus Epik, inggih punika reroncèning wiracarita babagan Perang Troya.

Sejarawan Italia, Maggiani naté manggihaken satunggaling makam Etruska ing Bologna (abad kaping 5 Masehi) mawi seratan aivastelmunsl (kulawarga Aias Telamon). Kajawi piyambakipun, wonten tokoh sanès ingkang ugi anama Aias, putra Oileus. Kanggé mbedakaken, Aias saking Salamis punika asring dipunsebat "Aias Telamon," "Aias Besar," utawi "Aias Agung". Wonten ing mitologi Etruska piyambakipun kawéntar minangka Aivas Tlamunus.

Dèskripsi

[besut | besut sumber]

Aias kagambaraken minangka sosok ingkang gagah lan dhuwur. Piyambakipun prajurit mawi badan paling inggil lan mawi kekuwatan otot paling kuwat ing wadyabala Akhaia (Yunani). Anggènipun tempur namung Akhilles lan Diomedes ingkang langkung sekti tinimbang Aias. Piyambakipun gadhah jejuluk "Benteng Mikenai". Ingkang nggladhen Aias punika Kheiron, kentaur wicaksana ingkang naté nggladhen bapakipun Aias, Telamon, lan bapakipun Akhilles, Peleus. Kajawi Akhilles, Aias (sareng kaliyan Diomedes) punika prajurit paling wigati ing wadyabala Agamemnon, sanajan Aias boten pinter kados Nestor, Diomedes, Idomenios, utawi Odisseus. Aias boten naté kelaran nalika tempur. Kajawi punika Aias boten naté dipunbiyantu déning déwa nalika nembé perang. Aias gadhah perisai ingkang kadamel saking pitung lapis kulit sapi lan satunggal lapis perunggu.

Wonten ing mitologi

[besut | besut sumber]
Aias lan Hektor ijolan bebungah, ilustrasi damelanipun Andrea Alciati,

Perang Troya

[besut | besut sumber]

Aias kawéntar awit saking kuwat lan kuwantunanipun, mliginipun ing kalih perang nglawan Hektor. Ingkang kapisan dhedhasar undian Aias kedah tarung kaliyan Hektor. Mulanipun Aias katingal langkung unggul amargi kasil damel lara Hektor mawi tombakipun lan saged nggebug Hektor ngginakaken watu ingkang ageng. Nanging lajeng Hektor dipunbiyantu déning Zeus saéngga tarung mau kapungkasan mawi kasil seri. Boten wonten ingkang dados jawara, saéngga kekalihipun ijolan bebungah lajeng kondur marang pasukanipun piyambak.[2]

Kaping kalih punika Aias kaliyan Hektor tempur nalika wadyabala Troya nyerang wadyabala Mikenai (Yunani). Aias tempur amargi njagi kapal-kapal Yunani. Piyambakipun nguncalke watu ageng lan damel Hektor badhé tewas nanging boten.[3] Apollo ngenggali kekuwatan Hektor saéngga Hektor nyerang kapal Yunani malih.[4] Aias ingkang mawi gaman tombak ageng, mlumpat saking kapal lan matèni saben prajurit Troya. Pungkasan adep-adepan kaliyan Hektor ingkang badhé ngobong kapal Yunani. Kekalihipun sami tarung lan saged melucuti gaman Aias nanging boten saged damel Aias kelaran.[5] Aias kepeksa kedah mundhur déné Hektoe saged ngobong satunggal kapan. Wonten ing perang mau, Aias matèni kathah pemimipin Troya, kalebet Forkis.

Kadang kala Aias tempur kaliyan rayinipun Teukros ingkang sampun ahli ngginakaken panah. Aias jumeneng wonten ing ngajeng mawi perisainipun déné Teukros ing wingkingipun lan manah para prajurit Troya. Ing satunggaling dinten, Akhilles dukha marang Agamemnon amargi mendhet budak Akhilles lan Akhilles narik piyambakipun saking perang mau. Aias sareng kaliyan Odisseus lan Foiniks dipunkintun déning Agamemnon kanthi ancas ngajak Akhilles supados purun tempur malih. Sanajan Akhilels nampi duginipun nanging Akhilels tetep boten purun perang malih.[6]

Sedanipun Aias

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. "Salamis The Island" Salamis The Island--Salamina Municipality-Greek Island
  2. Homeros, Iliad Buku 7
  3. Homeros, Iliad Buku 14
  4. Homeros, Iliad Buku 15
  5. Homeros, Iliad Buku 16
  6. Homeros, Iliad Buku 9

Réferènsi

[besut | besut sumber]

Pranala njawi

[besut | besut sumber]
  • Ovidius, Metamorphoses 13
  • Paphitis, Nicholas (2006-03-30). "Archaeologist links palace to legendary Ajax". MSNBC.