Agus Salim
Agus Salim | |
---|---|
Mantri Luar Negeri Republik Indonesia 3 | |
Linggih 3 Juli 1947 – 20 Dhésèmber 1949 | |
Présidhèn | Soekarno |
Kang sadurungé | Sutan Syahrir |
Kang sawisé | Mohammad Roem |
Rerincèn dhiri | |
Lair | Koto Gadang, Agam, Sumatra Kulon, Hindhia-Nèderlan | 8 Oktober 1884
Pati | Novèmber 4, 1954 Jakarta, Indonésia | (umur 70)
Bangsa | Indonésia |
Sisihan | Zainatun Nahar |
Alur | Emil Salim (Keponakan) |
Anak | Violet Hanisah Theodora Atia Maria Zenibiyang Yusuf Taufik |
Profési | Jurnalis, Diplomat |
Agama | Islam |
Agus Salim utawi Haji Agus Salim (kanthi asma lair Mashudul Haq (ateges "pembéla kebenaran"); lair ing Koto Gadang, Agam, Sumatra Kulon, Hindhia-Nèderlan, 8 Oktober 1884 – pati ing Jakarta, Indonésia, 4 Novèmber 1954 ing umur 70 taun) inggih punika salah satunggalipun pejuang kamardikan Indonésia.[1] Agus Salim miyos saking pasangan Angku Sutan Mohammad Salim kaliyan Siti Zainab.[2] Ramanipun inggih punika kepala jaksa wonten ing Pengadhilan Tinggi Riau.[3] Pendhidhikan dhasaripun dipunlampahi wonten ing Europeesche Lagere School (ELS), sekolah mirunggan kanggé laré-laré Éropa.[2] Sasampunipun lulus saking ELS, Agus Salim nglajengaken sekolah wonten Hoogere Burgerschool (HBS) ing Batavia.[2] Wonten sekolah ngriku, Agus Salim pikantuk gelar lulusan ingkang saé piyambak ing HBS se-Hindiya Walanda.[4] Sasampunipun lulus saking HBS, Agus Salim lajeng nyambut damel dados penerjemah tuwin ambiyantu notaris wonten ing satunggaling kongsi pertambangan ing Indragiri.[1] Nalika taun 1906, Agus Salim tindak dhateng Jeddah, Arab Saudi kanggé makarya wonten ing Konsulat Walanda.[4] Wiwit taun 1915, Agus Salim lajeng dados redhaktur 2 wonten ing Harian Neratja.[2] Boten dangu, Agus Salim lajeng anjawat dados ketua redhaksi.[3] Agus Salim lajeng palakrama kaliyan Zaénatun Nahar lajeng dipunkaruniani wolung lare.[3] Pandamelanipun wonten babagan jurnalistik andadosaken Agus Salim anyepeng Pemimpin Harian Hindia Baroé wonten ing Jakarta.[4] Salajengipun Agus Salim ngadegaken Surat kabar Fadjar Asia.[4] Agus Salim dados redhaktur wonten Harian Moéstika ing Yogyakarta saha mbikak kantor Advies en Informatie Bureau Penerangan Oemoem (AIPO).[5] Sesarengan kaliyan punika, Agus Salim mlebet wonten ing donya pulitik minangka pandhéganipun Sarékat Islam.[4]
Karyanipun Agus Salim
[besut | besut sumber]Karya-karya ingkang sampun dipundamel déning Agus Salim inggih punika
- Riwayat Kedatangan Islam di Indonésia.[6]
- Dari Hal Ilmu Quran.[6]
- Muhammad voor en na de Ijrah.[6]
- Gods Laatste Boodschap.[6]
- Jejak Langkah Haji Agus Salim (Kumpulan karyanipun Agus Salim ingkang dipunkompilasi kolèganipun, Oktober 1954).[6]
- Menjinakkan Perempuan Garang (pertalan saking The Taming of the Shrew karyaipun Shakespeare)[6]
- Cerita Mowgli Anak Didikan Rimba (pertalan saking The Jungle Book karyanipun Rudyard Kipling)[6]
- Sajarah Dunia (karyanipun E. Molt)[6]
Karir Pulitik
[besut | besut sumber]Wonten ing taun 1915, Agus Salim mlebet wonten Sarèkat Islam (SI) déné anjawat pemimpin kaping kalih, sasampunipun H.O.S. Tjokroaminoto.[4] Lelampahanipun Agus Salim kanthi ngupadosaken perjuwangan kamardikan RI kados ta:
- Anggota Volksraad (1921-1924).[5]
- Anggota panitiya 9 BPUPKI kanthi nyawisaken UUD 1945.[3]
- Menteri Enèm Luar Negeri Kabinet Sjahrir II 1946 tuwin Kabinet III 1947.[5]
- Ingkang murwani gegayutan diplomasi Indonésia kaliyan negari-negari Arab, mliginipun wonten Mesir ing taun 1947.[5]
- Menteri Luar Negeri Kabinet Amir Sjarifuddin 1947.[5]
- Menteri Luar Negeri Kabinet Hatta 1948-1949.[5]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ a b "pelaminanminang.com". Diarsip saka sing asli ing 2012-09-13. Dibukak ing 2011-04-29.
- ↑ a b c d "www.mesias.8k.com". Diarsip saka sing asli ing 2011-09-14. Dibukak ing 2011-05-01.
- ↑ a b c d "www.pkesinteraktif.com". Diarsip saka sing asli ing 2011-04-20. Dibukak ing 2011-05-01.
- ↑ a b c d e f "www.biographyinstitute.com". Diarsip saka sing asli ing 2011-09-10. Dibukak ing 2011-05-01.
- ↑ a b c d e f "http://melayuonline.com". Diarsip saka sing asli ing 2010-11-25. Dibukak ing 2011-05-01.
{{cite web}}
: External link in
(pitulung)|title=
- ↑ a b c d e f g h "http://berita.univpancasila.ac.id". Diarsip saka sing asli ing 2011-02-04. Dibukak ing 2011-05-01.
{{cite web}}
: External link in
(pitulung)|title=