[go: up one dir, main page]

Menyang kontèn

Mazmur

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Salah satu partiur Mazmur: Mazmur 129

Mazmur ya iku nyanyian utawa syair puji-pujian kang biasa ditembangaké déning para nabi kang dienggo sajroné ibadat ing Bait Suci ing Yerusalem lan upacara kerajaan nalika masa Israèl Kuno, kumpulan-kumpulané ana ing Perjanjian Lama sajroné Alkitab.[1][2][3] Kitab Perjanjian Lama ya iku bagiyan saka Alkitab wong Kristen sahingga diwarisi nganti saiki nganti kehidupan umat utawa jemaat.[2]

Epistemologi

saka basa Yunani psalmos asale saka tembung psallô (mainake musik, kanti driji) an sajroné basa Inggris dadi psalms. Mazmur ya iku iring-iringan musik kang mbarengi nyanyian, syair kang dinyanyikaké lan biasané diiringi kanti musik.[4]

Mazmur uga isa berarti kidung / lagu - saka basa Yunani ôdê asalé saka tembung kriya adô (nyanyi, bersenandung), ananging kidung isa dibareng kanti musik utawa ora.[4]

Terakhir, Mazmur berarti nyanyian / himne - saka basa Yunani humnos asale saka tembung hudeô (ngrayakake/perayaan, memperingati/peringatan) lan berarti kidung puji-pujian kang dipersembahkan marang Allah, dewa, pahlawan, uatwa wong-wong gedhe .[4]

Sejarah Nyanyian Mazmur

Sejarah Mazmur kang perdana dapat dideleng saka kisah Hana sajrone Alkitab Ibrani utawa Perjanjian Lama ing Alkitab Kristen, khususe Kitab 1 Samuelpasal 1lan 2 nalika Hana melantunkan pujian sakwise panjalukan kanggo diwenehi anak dikabulake déning Gusti Allah .[2] Sejarah sajrone Alkitab liya uga ing Kitab Yunus kang nduwèni makna nylamatake Allah tumprap awake dewe lan salah sijine bangsa kang jenenge Niniwe.[2] Mazmur merupakan bagian devosi (pengabdian) saka kehidupan.[1]

Mazmur-mazmur kang paling terkenal ya iku sajrone jaman Raja Daud kang ana ing sajrone Kitab Mazmur, arupa bagiyan paling dawa sajrone Alkitab (nganti 150 pasal).[5] Raja Israèl iu nggubah Mazmur sajrone carita puji-pujiane, keluh-kesahe, lan seneng susahe, bebrengan karo pira-pira gubahan pengarang kang liya, dibukukake sajrone kitab Mazmur.[6] Panggunaan sajrone ibadat umum utamane waktu penobatan raja, pernikahan raja lan peperangan.[5] sajrone menyanyikannya diiringi alat musik kang sangat beragam, mulai saka kecapi, gambus, rebana, dan alat musik Israèl kang liya.[5]

Nalika abad ketelu, Tertulianus negesake Mazmur minangka bagiyan penyembahan umat Kristen.[1] Bahkan Nyanyian kang identik karo Raja Daud iki dianggap minangka kang pertama, di tengah dan kang terakhir.[1] Banjur ing sekitar abad 14 - 15, sajrone tradisi monastik dilakukake nyanyian Mazmur saben Minggu lan dilebokake sajrone buku devosi, salah sijine Imitation of Christy déning Thomas Kempis (1280-1471)[1]

Para reformator gereja abad 16 uga menehi panggonan istimewa marang nyanyian Mazmur.[6] Baik Luther utawa Calvin ngormati banget mazmur minangka nyanyian jemaat.[6] Luther dewe nganggo Mazmur sajrone Basa Latin nganti deweke nerjemahake sajrone basa Jerman supaya luwih manfaati kango nyanyian jemaat lokal.[6] Nyanyian Mazmur zaman reformasi iku dinyanyikan sajrone model gregorian.[6] Luther uga bercita-cita kanggo nggawe nyanyian Mazmur sajrone strofa kang tetep lan melodi kang luwih sederhana sahingga luwih gampang kanggo dinyanyikake ing sajrone gereja.[6] Salah sijine sumbangan Luther ana ing sajrone Kidung Jemaat 130.[6] Banjur ing Jerman uga terbit Mazmur sajrone basa Jerman déning organis Matthias Greiter.[7]

Calvin nduwèni inisiatif kanggo mujutake cita-cita Luther supaya Mazmur dinyanyikake sajrone gereja kanti menyusun Mazmur sajrone basa Perancis ing tahun 1939.[7] ngumpulke para komponis lan penyair kanggo nerbitake karya kang dijenengi Mazmur Jenewa nalik tahun 1562.[6] Prakarsa iku uga nglibatake kancane, Martin Bucer.[7] Penyair-penyair iku ing antarane ya iku: Clement Marot ( 1496-1544), Theodore Bazha lan komponis-komponis iku antarane: Loys Bourgeois, Maestro Pierre.[6][7]

Nalika zaman modern diteliti manèh babagan Mazmur déning ahli jenenge Gunkel lan Mowinckel kang nyumbangake pemikirane sajrone nggolongake Mazmur.[3] Miturut Gunkel, Mazmur luwih bersifat nggambarake pengalaman lan perasaan wong-wong sacara religius ketimbang bersifat kultis kanggo ibadat.[3] sajrone penggolongan Mazmur, Gunkel mbagi sajrone peristiwa-peristiwa penting kerajaan; penobatan, perkawinan, peringatan-peringatan (ngdege dinasti), pra lan pasca pertempuran.[3] Golongan kang liya ya iku sajrone ibadat kultis ing Bait Suci kang sifate profetis, ratapan perorangan lan Mazmur litugis.[3]

Ing sajrone buku padat lan dawa, Yohanes Lamb (John Lamb) neliti Mazmur kang digunakake sajrone tradisi Yahudi, Tradisi Perjanjian Anyar, gereja-gereja Ing Kulon, gereja-gereja Wetan, Lutheran, Reformed, Anglikan, lan gereja-gereja Scottish.[1] Deweke nemukake yèn Nyanyian Mazmur dienggo sajrone perayaan perjamuan malam terakhir kang Yesus lakoni bareng murid-murid-e.[1]

sajrone penelitiane, John Lamb nemukake data saka komputer ing Perpustakaan Yale Divinity School lan nemukake 983 buku musik kanti tembung kunci "Mazmur" sajrone judule.[1] Sakliyane iku ing Sekolah Seminari Luther uga ditemokake 2.199 buku kang berkaitan karo Mazmur.[1]

Pentingnya Mazmur untuk kehidupan gereja

Pentingnya Nyanyian Mazmur untuk kehidupan gereja ya iku minangka salah siji unsur liturgi (Ibadah sacara keseluruhan) sajrone kauripan gereja.[1] minangka cikal bakal nyanyian gerejawi, Mazmur dijuluki minangka suara gereja, ya iku nggambarake realitas uripe umat nalika jamane.[1] Mazmur arupa sendi saka urip gereja lan sajrone kebangkitan salah sijine nagara.[1] Mazmur 23, 84, 90, 100, 130, 150 utawau ing bagiyan-bagiyan liyane arupa kenangan saka perasaan salah sijine pawongan.[1]

Gereja-gereja kang ngarep-arep bisa nduwèni ikatan persekuthuan karo gereja kang kudus lan am, dadi siji sajrone Kristus nglewati jaman lan kontekse, gereja mbutuhke Mazmur minangka himne oikumenis.[6] Di sini van Dop menyoroti betapa melalui makna Nyanyian Mazmur, gereja dapat lebih membangun relasi dengan gereja lain dalam semangat oikumene minangka satu tubuh gereja milik Kristus.[6]

Nalika jaman Kalvin, Mazmur diterjemahake sajrone basa setempat lan disederhanakake supaya bisa dinyanyikake jemaat kanti maksud supya jemaat ora menyanyikake lagu-lagu kang ora jumbuh karo iman Kristen.[7] Hal iki bertujuan supaya jemaat nduwèni lagu-lagu kang sopan, suci, nggawe umat ndedong marang Allah lan ngajarake kasih Allah minangka ganti lagu-lagu kang biasane dinyanyikake jemaat kang ngandung nilai kebusukan lan kemesuman.[7]

Gereja-gereja ing Indonésia isih sithik kang nggunakake Nyanyian Mazmur minangka nyanyian jemaat.[6] Hal iki disayangake banget, sahingga tokoh himnologi Inggris kang jenenge Erik Routley ngomon "Ora ana kang luwih ngrugikake ibadah sarta luwih ngilangke kemanusiaan saka ibadah iku ketimbang mengabaikan Mazmur".[6]

Cathetan Sikil

  1. a b c d e f g h i j k l m Masalah transklusi: {{En}} mung bisa kaanggo ing mandhala aran Barkas. Anggonen {{lang-en}} utawa {{en icon}} baé. Paul Westermeyer., Te Deum - The Curch and Music, Menneapolis: Ausburg Fortress, 1998
  2. a b c d (ing basa Indonésia)A. th Keamer., Tafsir Alkitab-Kitab Yunus, Jakarta : BPK Gunung Mulia
  3. a b c d e H.h Rowley., WORSHIP IN ANCIENT ISRAEL, Jakarta: BPK Gunung Mulia, 2004
  4. a b c (ing basa Indonésia)http://sejarah.sabda.org/artikel/mazmur.htm
  5. a b c (ing basa Indonésia)W. Lasor., Pengantar Perjanjian Lama, Jakarta: BPK Gunung Mulia, 20017
  6. a b c d e f g h i j k l m (ing basa Indonésia)H.A. van Dop., Oikumene dalam Nyanyian Gereja dalam buku Struggling in Hope, Jakarta: BPK Gunung Mulia, 2004
  7. a b c d e f (ing basa Indonésia) Rasid Rachman., Pembimbing ke sajrone Sejarah Liturgi, Jakarta: BPK Gunung Mulia, 2010

Pranala luar

Cithakan:Mazmur