[go: up one dir, main page]

0% menganggap dokumen ini bermanfaat (0 suara)
572 tayangan10 halaman

Ujian Bahasa Jawa Kelas VII

1. Siswa SMP Jingga dan keluarganya tidak dapat mudik pada Idul Fitri tahun ini karena pandemi corona. 2. Pemerintah melarang mudik untuk mencegah penyebaran virus. 3. Mereka pun merayakan Idul Fitri di rumah saja tanpa mudik ke kampung halaman.
Hak Cipta
© © All Rights Reserved
Kami menangani hak cipta konten dengan serius. Jika Anda merasa konten ini milik Anda, ajukan klaim di sini.
Format Tersedia
Unduh sebagai PDF, TXT atau baca online di Scribd
0% menganggap dokumen ini bermanfaat (0 suara)
572 tayangan10 halaman

Ujian Bahasa Jawa Kelas VII

1. Siswa SMP Jingga dan keluarganya tidak dapat mudik pada Idul Fitri tahun ini karena pandemi corona. 2. Pemerintah melarang mudik untuk mencegah penyebaran virus. 3. Mereka pun merayakan Idul Fitri di rumah saja tanpa mudik ke kampung halaman.
Hak Cipta
© © All Rights Reserved
Kami menangani hak cipta konten dengan serius. Jika Anda merasa konten ini milik Anda, ajukan klaim di sini.
Format Tersedia
Unduh sebagai PDF, TXT atau baca online di Scribd
Anda di halaman 1/ 10

PEMERINTAH KABUPATEN SLEMAN

DINAS PENDIDIKAN
Alamat: Jl.Parasamya Beran, Tridadi, Sleman, Telp. (0274) 868512
PENILAIAN AKHIR SEMESTER GASAL
TAHUN PELAJARAN 2020/2021
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas : VII (tujuh)
Hari, Tanggal : Kamis, 3 Desember 2020
Waktu : 07.30 – 09.00 (90 menit)

PETUNJUK UMUM
1. Isikan identitas Anda dengan benar
2. Tersedia waktu 90 menit untuk mengerjakan paket tes tersebut.
3. Jumlah soal sebanyak 30 butir, pada setiap butir soal terdapat 4 (empat)
pilihan jawaban.
4. Periksa dan bacalah soal-soal sebelum Anda menjawabnya dengan cermat.
5. Periksalah pekerjaan Anda sebelum dikirim / submit
6. Berdoalah sebelum mengerjakan

PETUNJUK KHUSUS
Jawablah dengan menghitamkan bulatan ( ) huruf A, B, C, atau D pada lembar jawab yang
tersedia!

1. Gatekna pacelathon iki!

Santi lan Fendi arep sowan simbahe sing daleme ana ing Sleman

Fendi : “Mbak iki mengko awake dhewe banjur numpak taksi apa arep ngebel
Bulik Siti?’
Santi : “Awake dhewe numpak taksi wae, supaya bisa gawe kejutan.”
Fendi : “Yen mengkono kene tase sing isi salin dakgawane, kowe nggawa
oleh-oleh titipane ibu!”
Santi : “Ya enya, kae ana taksi sing isih kothong, coba tak takonane.”

Santi lan Fendi anggone omong-omongan nalika arep golek taksi migunakake
unggah-ungguh basa....
A. ngoko lugu
B. ngoko alus
C. krama lugu
D. krama alus

2. Gatekna ukara-ukara iki!


1) Budhe ngersakaken gendhis kangge damel unjukan.
2) Wekdalipun sampun sonten, kula badhe kondur rumiyin.
3) Nyuwun pangapunten buku menika gadhahanipun adik kula.
4) Bapak kondur saking kantor lajeng siram, nalika kula dereng kondur.

1
Ukara endi kang bener manut unggah-ungguh basa?
A. 1,2
B. 1,3
C. 2,3
D. 3,4

3. Gatekna wacan iki!


Wanci esuk, Aditya arep mangkat sekolah. Dheweke nyedhaki bapakne
kang lagi ngresiki motor.
Aditya : “……………………………..”
Bapak :“Ya Le, takpangestoni, muga-muga anggonmu sekolah lancar lan entuk biji
apik.”
Ukarane Aditya kang trep yaiku …
A. “Pak, dalem badhe mlampah sekolah. Nyuwun donga pangestunipun, dinten
menika wonten ulangan basa Jawa.”
B. “Pak, dalem badhe mlampah sekolah. Nyuwun donga pangestune, dinten menika
wonten ulangan basa Jawa.”
C. Pak, dalem badhe tindak sekolah. Nyuwun donga pangestunipun, dinten menika
wonten ulangan basa jawa.”
D. Pak, dalem badhe mangkat sekolah. Nyuwun donga pangestune, dinten menika
wonten ulangan basa Jawa.”
4. Gatekna wacan iki!
Kaya padatan, saben dina Minggu esuk Ibune Lastri tindak pasar. Mumpung prei,
dadi duwe kalodhangan blanja menyang pasar. Biasane Lastri ditugasi ndherekake
ibune. Ananging, Lastri nanggung ngekum kumbahane nalika wancine budhal.
Lastri : “Nis, Ibu wis sida tindak pasar durung ya?”
Anis : “Uwis mbak, didherekake mas Gatot.”
Lastri : ”Wah, ibu duka karo aku ya? Aku mau nanggung ngekum
kumbahan.”

Miturut wacan, Lastri lan Anis kang lagi ngrembug ibune migunakake basa ….
A. krama lugu
B. krama alus
C. ngoko lugu
D. ngoko alus
5. Gatekna andharan iki!
Kuncara didhawuhi bapakne ngaturake layang undhangan kumpulan warga
marang pak RT.

Kepiye ature Kuncara marang Pak RT kang bener miturut unggah-ungguhing basa?
A. Kepareng matur Pak RT sowan kula mriki dipunutus bapak supados nyaosaken
layang undhangan kagem panjenengan.
B. Kepareng matur Pak RT rawuh kula mriki dipunutus bapak supados maringke
serat undhangan kangge sampean.
C. Kepareng matur Pak RT sowan kula mriki dipunutus bapak supados nyaosaken
serat undhangan kagem panjenengan.
D. Kepareng matur Pak RT dugi kula wontening sonten menika dipun kengken
bapak supados nyaosaken serat undhangan kagem panjenengan.
2
6. Gatekna tabel tembung iki!
No Ngoko Krama Krama inggil
1 mangan nedha dhahar
2 kowe panjenengan sampeyan
3 lunga kesah tindak
4 tuku tumbas mundhut
5 mulih kondur mantuk
Pasangan tembung kang bener dituduhake ing nomer…
A. 1,2,3
B. 1,3,4
C. 1,2,4
D. 2,3,5

7. Gatekna wacan iki!

Ibu nyawisake asil masakane ing meja. Ratri mbiyantu ibune ngelapi
piring lan sendhok.
Ibu :”Yen wis rampung anggonmu ngelapi piring lan sendhok, bapak
aturana dhahar.” Dhawuhe Ibune Ratri.
Ratri :”Inggih, bu.”
Ratri ngaturi bapake kang lagi reresik gudhang.

Ature Ratri kang trep marang bapake, yaiku …


A. “Pak, dhaharan sampun cumawis. Bapak didhawuhi dhahar rumiyin.”
B. “Pak, dhaharan sampun cumawis. Bapak katuran dhahar rumiyin.”
C. “Pak, dhaharan sampun cumawis. Bapak katuran nedha rumiyin.”
D. “Pak, dhaharan sampun cumawis. Bapak diken dhahar rumiyin.”

8. Gatekna wacan iki!


Jam 06.30 Tyas tekan sekolahan. Kanca-kancane saperangan wis
pating jredhul. Ana kang mlaku, diterke wong tuwane, lan ana kang ngepit.
Ora ana murid ing sekolahane Tyas kang numpak motor.
Tekan plataran sekolah, pak guru lan bu guru jumeneng methukake
murid-muride. Pasuryane katon padha sumringah mirsani murid-muride.

Kang ditindakake Tyas lan kanca-kancane nalika ketemu bapak ibu guru ing plataran
sekolah yaiku ngajak salaman karo matur ….
A. “Sugeng pepanggihan, Pak/Bu.”
B. “Lenggah pinarak, Pak/Bu”
C. “Mangga mlebet, Pak/Bu.”
D. “Sugeng enjing, Pak/Bu.”

9. Gatekna wacan iki!


Tekan pertelon desa, Zahra lan Mawar weruh Mbah Karta lagi
lenggahan ing ngarepan ndaleme.
Zahra :”Kae mbah Karta lagi lenggahan. Isih kelingan pesene Pak Guru, ta?”
Mawar :”Hla ya mesthi, ta. Murid becik ki nggatekake lan bisa praktek apa sing
diparingake guru.”
Zahra :”Yen mangkono, mengko bareng-bareng anggone matur, ya!”

3
Nalika tekan sangarepe Mbah Karta, Zahra lan Mawar padha matur …
A. “Mangga lenggah pinarak, mbah.”
B. “Nuwun sewu, nunut miyos, mbah.”
C. “Nuwun sewu, kula ajeng liwat, mbah.”
D. “Nuwun sewu, ndherek langkung, mbah.”

10. Gatekna rumpakan iki!

Ana keyong, digawe sate.


Gotong royong, nyambut gawe.
Rumpakan ing ndhuwur kalebu ….

A. geguritan gagrag lawas


B. tembang pocung
C. cangkriman
D. parikan

11. Gatekna parikan iki!

Ana dara mencok ing pang


Kena kala darane mati
Basa Jawa iku gampang
Yen ra bisa ngisin-isini

Parikan kasebut mawa purwakanthi ...


A. lumaksita
B. sastra
C. swara
D. basa

12. Gatekna parikan iki!

kolang kaling bahan boga


sedhompol isine telu
eling-eling dadi siswa
rina wengi sregep sinau

Ukara kapisan lan kapindho ing parikan kasebut diarani....


A. purwakanthi
B. pambuka
C. selingan
D. wos/ isi

13. Ngasah arit kudu landhep


…...............................
Supaya dadi parikan kang trep larik kepindho becike yaiku….
A. dadi murid nganti tuwa
B. dadi murid kudu pinter
C. dadi murid kudu sregep
D. dadi murid kudu bekti
4
14. Gatekna parikan kang durung ganep iki!
Tuku layah ing pasar legi
ora lali uga tuku tahu
....
....

Ganepane parikan kang bener yaiku....


A. dadi bocah kudu tansah bekti
marang bapa tuwin ibumu
B. dadi murid kudu tansah sinau
murih kepenak urip mburimu
C. dadi bocah kudu tansah bekti
marang ibumu tuwin bapa
D. dadi bocah kudu tansah nyawiji
marang bapa tuwin ibumu

15. Gatekna wacan iki!


Wayah jam 13.45 kahanan sekolahane Suci lan Raras wis rampung
anggone wulangan, mula para siswa pating bleber metu saka kelas tumuju
parkiran sepedha. Suci mung mlaku, dene Raras ngenteni pethukan ibune. Bocah
loro mau wis kaya sedulur, nalika tekan gerbang sekolah , salaman banjur omong
mangkene:

Suci :”Udan barat angin sumilir, yen kowe niat ayo mampir omahku”.
Raras :”Mangan gudhe dicampuri tahu, sing gedhe pangapuramu”.
“Mangan nanas aja dicampur rambutan, ganti dina ya Mbak saiki aku
durung pamitan!”
Suci :”Nangka jambu, rambutan tambah kecipir”.
”Bener kandhamu, menawa durung pamitan, baline aja mampir-mampir!”

Budi pekerti kang ana ing parikan yaiku menawa bali sekolah....
A. kena mampir-mampir tekan ngendi wae, amarga panggonane mung cedhak
sekolah.
B. mampir-mampir apa ora mampir iku terserah aku,wong liya ora kena nyampuri
urusanku.
C. ora kena mampir-mampir tekan ngendi wae, amarga menawa mampir utawa ana
acara kudune pamitan luwih dhisik karo wong tuwa.
D. mampir ana papan ngendi wae iku gumantung keperluane, menawa kudu
mampir ya kena wae ora perlu pamitan utawa ngabari wong tuwa.

16. Gatekna andharan iki!


Crita iki dialami dening Jingga lan keluwargane kang ora bisa mudik jalaran
anane pandemi corona. Dina Riyaya Idul Fitri taun iki kang ngepasi tanggal 24 Mei
2020, Jingga lan keluwargane ora mudik. Jalaran anane larangan saka pamarentah
kanggo ngawekani panyebare virus korona. Lagi taun iki keluwargane Jingga
lebaran ing Yogja. Adate, saben taun Jingga lan keluwargane mesthi mudik. Dadi
ora mokal menawa dheweke sedih. Nanging kanggone Jingga, ora mudik taun iki
ora dadi apa, malah kanggone dheweke akeh manfaate. Ing antarane, omahe dadi
rame merga nindakake takbiran ing omah bareng bapak, ibu, lan adhine.
5
Kedadean kang dialami dening Jingga lan keluwargane kalebu crita ....
A. novel
B. cekak
C. karangan
D. pengalaman

17. Gatekna andharan iki!


1) Apa kedadean kang dialami
2) Sapa paraga kang nulis crita pengalaman
3) Ing ngendi papan kedadeane
4) Kapan kedadean iku dicritakake
5) Kepriye kedadeane
6) Kenangapa bisa ngalami kedadean iku

Saka andharan kasebut kang minangka unsur crita pengalaman, yaiku....


A. 1,2,3,4
B. 1,2,4,6
C. 1,3,5,6
D. 1,2,5,6

18. Gatekna andharan iki!


1) nambahi kawruh
2) minangka panglipur
3) ngudhari ruweting pikir
4) nambahi ruweting pikir

Saka andharan kasebut kang minangka pigunane crita pengalaman, yaiku....


A. 1,2,3
B. 1,2,4
C. 1,3,4
D. 2,3,4

19. Gatekna andharan iki!


1) nemtokake pokok-pokoking crita
2) mekarake pokok crita dadi ukara
3) mekarake ukara dadi paragraf
4) nyritakake crita marang kanca

Carane nyritakake pengalaman kanthi tinulis yaiku ....


A. 1,2,3
B. 1,2,4
C. 1,3,4
D. 2,3,4

6
20. Gatekna andharan iki!

Dina Minggu aku diajari nabuh gamelan karo bapak Ku. Kanggoku ajar
nabuh gamelan iki nyenengake, jalaran bisa kanggo hiburan sasuwene pandemi
corona. Durung akeh gamelan kang bisa taktabuh. Sepisanan aku diajari nabuh
bonang, jebul nabuh bonang iku angel, tangan loro kudu dinggo nuthuk kabeh.
Nanging suwe-suwe jebul gampang lan nyenengake.

Saka andharan kasebut sing dadi underaning crita/tema yaiku...


A. Nabuh bonang kudu nganggo tangan loro.
B. Dina Minggu aku diajari nabuh gamelan.
C. Nabuh gamelan bisa kanggo hiburan.
D. Nabuh gamelan iku nyenengake.

21. Gatekna crita iki!


Kedadean iki dialami dening kakangku nalika udakara setengah taun
kepungkur. Wektu iku kakangku lagi antri golek surat keterangan sehat ing
Rumah Sakit. Wong kang golek surat keterangan sehat akeh banget, anggone
antri wae wis kawit sadurunge subuh. Nalika iku kakangku lungguh, lan ing jejere
ana wong wedok kang lagi mbobot.

“Bayu, piye kabare?” kanca kuliahe kakangku nyedhaki karo takon.


“Weh, Reza alhamdulillah apik.”
“Selamat ya, sedhilit maneh kagungan putra.” Kancane kakangku omong karo
ngajak salaman.
Kakangku bingung plenggongan karo thingak-thinguk noleh banjur ngguyu
kemekelen.
“Aja ngawur, aku durung rabi ya.”
Kancane kakangku kisinan karo ngingeti wong wedok kang lagi mbobot ing jejere
kakangku.

Crita kasebut kalebu crita kang ....


A. nyenengake
B. ngguyokake
C. medeni
D. sedhih

22. Gatekna pethikan crita iki!

Dalan kang dakliwati saya suwe saya sepi lan adoh saka padesan. Kiwa
tengene mung alas jati kang saya katon peteng. Lamat-lamat ana swara wong
omong-omongan. Alon-alon aku lan kancaku nyedhaki swara iku. Saeba kagetku
nalika tekan papan kono jebul katon kuburan. Gage-gage aku lan kancaku
mbanterake anggone ngepit, mlayu ngedohi papan iku.

Unsur kang ana ing pethikan crita iku yaiku ....


A. apa kedadeane
B. wektu kedadeane
C. papan kedadeane
D. sapa kang ngalami kedadeane
7
23. Gatekna pethikan crita iki!

Aku gela nalika ngerti biji ing raportku elek. Geneya aku ora entuk rengking,
kamangka biasane saben semester mesthi dadi juara kelas. Bapak lan ibu ora
ndukani, amarga wis pirsa apa kang njalari bijiku elek. Kacilakan kang dakalami
njalari aku ora bisa mangkat sekolah nganti meh sasemester.

Unsur kang ana ing pethikan crita iku yaiku ....


A. apa kedadeane
B. papan kedadeane
C. kepriye kedadeane
D. kenangapa bisa kedadean

24. Gatekna pacelathon iki!

Siti : “Ayo saiki padha bedhek-bedhekan wae!”


Dini : “Yo, kowe sing mbedheki dhisik.”
Siti : “Kepriye carane nglebokake gajah ing jero lemari?”
Dini : “Ya ora bisa ta, gajahe lak ya luwih gedhe tinimbang lemarine.”
Bila : “Aku ngerti, lawange lemari dibukak gajahe dilebokake banjur
lawange ditutup maneh.”
Saka pratelan :kasebut,
Dini “Kok bisakang
ngonokalebu
nalare kepriye?”
jenis-jenis cangkriman kang bener yaiku
Bila
nomer.... : “Kuwi jenenge cangkriman Din.”
Dini : “Ooo ngono ta.”

Pacelathon iku mau ana cangkriman kang wujud ....


A. irib-iriban
B. wancahan
C. blenderan
D. ing tembang

25. Gatekna pacelathon iki!

Siwi : “Aja lali, pitik walik saba mejane dicepakke.”


Puji : “Apa maneh kuwi?”
Sari : “Kae lho... sing cemanthel tembok!”
Rina : “Wah, aku dhong saiki! tegese sulak ta?”
Sari : “ Lhaa...wis dhong ta, saiki ayo resik-resik kelas bebarengan.”
Kabeh : “Ayoooo....”

Saka pacelathon kasebut kalebu wujud....


A. cangkriman wancahan
B. cangkriman irib-iriban
C. wangsalan lamba
D. wangsalan memet

8
26. Gatekna pacelathon iki!

Mita : “Coba, aku duwe pitakonan. Kowe bisa njawab ora Din?”
Dina :”Apa pitakonane?”
Mita :”Sega sekepel dirubung tinggi iku apa?”
Dina :”Gampang iku, wangsulane jelas salak”

Sing padha digunem ana ing pacelathon mau babagan...


A. cangkriman
B. wangsalan
C. paribasan
D. parikan

27. Gatekna pacelathon iki!

Noni :”Coba apa kang dikarepake sing cendhek dikedhuki, sing dhuwur
diurugi?
Beni : “Jugangan.”
Noni : “Salah.”
Beni : “lha apa?”
Noni :”Sing bener....”

Wangsulane Noni adhedhasar pacelathon kasebut yaiku....


A. sumur
B. lemah
C. timbangan
D. blumbang

28. Cangkriman ing tembang pocung iki batanganen apa?

Bapak pocung dudu mega dudu mendhung,


Ngambah dirgantara,
Darbe swiwi pindha peksi,
Lunga teka si pocung ngumbar suwara.

A. montor mabur
B. manuk
C. traktor
D. truk

29. Gatekna tembang pocung iki!

Bapak pocung wujud sirah lawan gembung


Padha dikunjara
Mati sajroning ngaurip
Mbentur tembok si pocung dadi dahana

9
Bedhekane cangkriman kang ana tembang kasebut yaiku....
A. kayu
B. graji
C. pulpen
D. korek jres

30. Gatekna cangkriman-cangkriman iki!

1) pitik walik saba kebon


2) lut maendhut, yu maerong
3) pak bomba, pak lawa, pak piyut
4) gajah numpak becak ketok apane?

Sing kalebu cangkriman wancahan yaiku....


A. 1,2
B. 1,3
C. 2,3
D. 2,4

10

Anda mungkin juga menyukai