[go: up one dir, main page]

Menyang kontèn

Ortografi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Aksara Latin
     
Gedhong Dewan Bahasa dan Pustaka, minangka bebadan kang ngatur ortografi basa Melayu kanggo ing Malaysia.
Pitembungan "aksara Cina" ditulis sarana aksara Cina padatan (ireng) lan aksara Cina prasaja (abang). Aksara Cina kaloka kanthi ortografi logografis.

Ortografi iku sakumpulan pasarujukan ngenani cara nulisaké siji basa. Rembug ing ortografi nglimputi éjaan (spelling), hifenasi, kapitalisasi, pamisahing tembung (word break), aksèntuasi, lan tandha waca (punctuation). Ortografi mono séjé paramasastra (grammar), kang ngrembug bab susunaning basa dudu bab tata tulisé.

Akèh-akèhé, basa-basa wigati ing jaman modhèren iki kena ditulis. Basa-basa mangkéné ortografiné kang pokok wis maju. Ortografiné wiyahé dikembangaké dhedhasar dhialèk baku kang ana ing basa, nanging kurang minangkani warna-warna dhialèk kang urip ana ing basa caturan (spoken language). Kala-kala ana variasi ing sajeroning ortografi siji basa. Contoné ing ortografi basa Inggris, ana éjaan Amérika saha Britis. Ing sawenèh basa, ortografi diatur déning bebadan kaya déné akadhemi basa. Nanging, uga ana basa-basa, kaya ta basa Inggris, kang ora duwé otoritas mangkono éngga ortografiné tumuwuh dhéwé.

Ortografi mono dudu tipografi, ya iku kawruh kang ngrembug paugeraning tata huruf (typesetting).

Étimologi lan werdi

[besut | besut sumber]

Tembung ortografi ing basa Jawa dijupuk saka basa Inggris orthography. Tembung orthography kapisan kacathet ing abad ping 15 kang asalé saka tembung Prancis orthographie, kawuri manèh saka tembung Latin orthographia, kang tumurun saka tembung Yunani ὀρθός orthós, "bener", lan γράφειν gráphein, "nulis".[1]

Ortografi mono racaké ngrembug prakara éjaan lan mligi ngrembug gegayutaning fonem karo grafem ing siji basa.[2][3] Prakara liyané kang dirembug ya iku hifenasi, kapitalisasi, pamisahing tembung, aksèntuasi, lan tandha waca.[4] Mula, ortografi medhar lan nemtokaké (1) simbul-simbul apa waé kang kena dianggo tumraping siji basa sarta (2) paugeran anggoné ngecakaké simbul-simbul mau.

Pérangan gedhé basa alami (natural languages) ngrembaka saka basa lésan (oral language). Aksara (writing system) banjur diripta utawa diréka minangka sarana kanggo nglambangaké basa caturan. Aturan ngecakaké iku banjur kerep ingaran mbakokaké siji basa, kang banjur ndadèkaké ortografi digawé saya mapan lan adaté banjur ingaran kang "bener". Ing babagan linguistik, istilah ortografi asring kanggo ngarani siji cara nulisaké siji basa, tanpa ananing panemu ngenani bener lan salah, linandhesan pawadan ngèlmiah yèn pambakuning siji basa dumadi saka spèktrum (manéka warna) pasarujukan kang padha kuwaté.

Tembung ortografi asliné ngemu surasa dhikotomi bener lan salah. Panganggoné tembung mau kerep mung mligi kanggo ngarani caraning nulisaké sawijing basa kang baku utawa bener kang prèskriptif. Ngejabakaké surasa iku, ana cara pangeleng etic lan emic: etic iku cara pandeleng kalawan dhèskriptif kang nganggep sawernaning cara panulis kang satemené dienggo padha wigatiné (ora ngabotaké bener lan salah), déné emic iku cara pandeleng kang ngabotaké marang panemuné kang nganggo aksara ngenani endi tatanan kang bener.

Ékan lan notasi

[besut | besut sumber]

Ékan (unit) ing ortografi, kaya déné huruf ing alfabèt, ingaran grafem. Iki minangka abstraksi, kang duwé analogi marang fonem ing basa caturan; manéka warna rupa fisik saka simbul tulis bisa kanggo makili grafem kang padha yèn prabédan ing antarané manéka warna rupa fisik iku ora wigati mungguhing babagan werdi. Contoné, huruf "b" kang rupané warna-warna dianggep mung makili grafem siji ing ortografi basa Inggris.

Grafem kala-kala didèkèk ing antarané kurung lingir (angle bracket), kaya ta ing ⟨b⟩ utawa ⟨back⟩. Cara iki kanggo mbédakaké grafem saka transkripsi fonèmis, kang didèkèk ing antarané garis miring (/b/, /bæk/), lan transkripsi fonètis, kang didèkèk ing antarané kurung siku ([b], [bæk]).

Ana sawenèh jinis ortografi miturut aksara kang dianggo. Jinis ortografi iki gumantung jinis ékan kang dilambangaké ing saben simbul. Jinis-jinis kang palin lumrah ya iku (1) logografis (simbul kang nglambangaké tembung utawa morfem), (2) silabis (simbol kang nglambangaké wanda), lan (3) alfabètis (simbol kang nglambangaké fonem). Akèh aksara uga nyamboraké sipat-sipating pirang-pirang jinis ortografi dadi siji.

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. orthography, Online Etymology Dictionary
  2. Seidenberg, Mark S. 1992. "Beyond Orthographic Depth in Reading: Equitable Division of Labor." In: Ram Frost & Leonard Katz (eds.). Orthography, Phonology, Morphology, and Meaning, pp. 85–118. Amsterdam: Elsevier, p. 93.
  3. Donohue, Mark. 2007. "Lexicography for Your Friends." In Terry Crowley, Jeff Siegel, & Diana Eades (eds.). Language Description, History and Development: Linguistic Indulgence in Memory of Terry Crowley. pp. 395–406. Amsterdam: Benjamins, p. 396.
  4. Coulmas, Florian. 1996. The Blackwell Encyclopedia of Writing Systems. Oxford: Blackwell, p. 379.