[go: up one dir, main page]

Menyang kontèn

Pabukon

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Kapustakan)
Pabukon ing ing Biara Melk ing Ostenrik
Pabukon St. Florian ing Biara Melk ing Ostenrik

Pabukon utawa bibliotik iku papan kanggo nyinggahaké buku-buku lan layang-layang dokumèn liyané.[1] Papan iki bisa awujud nyata utawa maya (alias virtual). Pabukon bisa dinduwèni saben wong lan ana uga pabukon kang isiné koléksi buku kang dioperasiaké institusi lan dimanfaataké masarakat.[1] Pepustakaan umum iki kaya ta kang ana ing sekolah, pabukon laladan, kampus, lan kantor.[1] Nanging kanthi koléksi lan médhia kang modhèren, saliyané kanggo nyimpen buku, pabukon uga nyimpen informasi kang wujud mikrofilm, mikrofiche, tapé audio, CD, Lp, tapé video, DVD lan nyediaaké fasilitas umum kaya ta gudang data CD-ROM lan akses internet ing ruangan pabukon.[1] Pepustakaan modhèren yaiku panggonan kanggo ngakses informasi ing format modhèren.[1] Format modhèren iki kaya ta buku, elektronik book.[1] Pabukon modhèren uga kena diarani pabukon digital kang data utawa informasiné bisa diakses saka internet lan jaringan komputer.[1]

Periodisasi pabukon Indonésia

[besut | besut sumber]
Rak Buku ing pabukon

Pabukon ngrembaka bareng karo ngrembakané masarakat.[1] Ngrembakané masarakat bisa dingerténi saka sajarah masarakat lan uga sajarah nagara.[1] Kanthi mangkono sajarah pabukon Indonésia ana gayutané karo sajarah Indonésia.[1] Sajarah Indonésia bisa dibagi pirang-pirang periodé yaiku jaman karajan lokal, jaman karajan Islam, jaman Hindia Walanda, jaman Jepang, periode pasca 1945, periode iki kapérang dadi periode 1945-1959, periode 1959-1965, periode 1965.[1] saka pambagéyan ing dhuwur taun 1950 dadi taun kang sepisanan anané ancangan pabukon.[1] Ing taun iki pamaréntah RI muai nyebaraké pabukon mligi pabukon umum kanthi jeneng taman pabukon rakyat ing kabéh laladan ing Indonésia.[1] Pabukon rakyat banjur bubar.[1] Taun 1969 kanthi anané pambangunan lima taun utawa pelita wiwit dibangun pabukon kang ana nganti saiki.[2]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g h i j k l m n Sinaga, Dian Mengelola Perpustakaan Sekolah, Jakarta: Kreasi Media Utama, 2007, hlm. 15]
  2. [Sulistyo. Basuki Periodisasi Perpustakaan Indonésia,Bandung: PT Remaja Rosdakarya, 1994, hlm. 6,7]