[go: up one dir, main page]

Buda utawi Buddha saking Basa Sansekreta: बुद्ध , tegesipun Ingkang Wungu, Ingkang Sampun Dugi Ing Papadhang Estu. Tembung punika dipunpendhet saking tembung Sansekreta: "Budh", kanggé mangertosi). Tembung punika ugi gelar ingkang dipuncaosaken dhumateng titiyang ingkang sampun sadhar mangembangaken potènsi pribadhinipun piyambak kaliyan ingkang sampun ngembang kasadharipun. Ing panganggé wekdal samangké, tembung punika asring ngarujuk dhumateng Siddhartha Gautama, guru agami lan ingkang yasa ngadhegaken Agami Buddha (ugi dipunanggep "Buddha kangge wekdal samangké"). Ing pangangé ingkang sanès, tegesipun tuladha kanggé manungsa ingkang dipunparingi kasadharan.

Barkas:Borobudur-perfect-buddha edited.jpg
Patung Buddha ing candhi Barabudhur.

Agami Buddha miyos ing nagari India, utawi langkung leres ing tlatah Nepal samangké. Agami punika miyos arupa satunggilipun reaksi dhumateng agami Brahmanisme. Pandhéganipun inggih punika Siddhartha Gautama ingkang sami dipuntepangi minangka Gautama Buddha déning para pandhèrèkipun. Ajaran agami Buddha nyebar ngantos dumugi ing nagari Tiongkok ing taun 399. Ingkang ngasta inggih punika satunggiling bhiksu ingkang asmanipun Fa Hsien. Masarakat Cinten ugi angsal pangaruh saking Tibet ingkang sampun dipunmodhifikasi dhumateng tradhisi lokal.

Ing tanah Jawi, agami punika ugi sampun wonten ing abad kaping 5. Candhi Barabudhur ingkang langkung saé ing rat punika, yasanipun para ratu saking wangsa Sailendra ingkang memengkoni praja ing Jawi Tengah watawis abad kaping 8. Para panganut Buddha mboten nganggep menawi Siddhartha Gautama punika sang hyang Buddha ingkang kaping sepindhah punapa ingkang pungkasan. Dipuntingali sacara teknis, Buddha, punika satunggiling tiyang ingkang sampun kapanggih ing Dharma (ingkang kagungan kersa: Kaleresan; prakawis saèstunipun, akal budi, kasulitan kawontenaning manungsa, kaliyan marga ingkang leres manuju ing kamardika (jiwa) mawi Kasadaran, ingkang dhateng salepasing karma ingkang saé (tujuan) dipunlestarèkaken saimbang kaliyan sadaya tingkah laku ingkang awon dipuntilar.

Anggènipun anggayuh nirwana (basa Pali: nibbana) punika sami kemawon ing tigang jinising Buddha, namung Samma-Sambuddha langkung nggatèkaken ing kwalitas kaliyan usaha tinimbang kalih Buddha sanèsipun. Tigang golongan Buddha punika inggih:

  • Samma-Sambuddha ingkang angsal Kasadaran paripurna tanpa guru, namung dening usahanipun piyambak.
  • Pacceka-Buddha utawi Pratyeka-Buddha ingkang mèmper Samma-Sambuddha, nanging mesthi mèndhel lan nyinggahaken dharma ingkang sampun kagayuh kanggé dhiri pribadi piyambak.
  • Savaka-Buddha ingkang awujud Arahant (siswa kasadaran), nanging saged nggayuh tahap Kasadaran kanthi mirengaken Dharma.

Saben aliran Buddha adhedhasar Tripitaka ingkang dados rujukan utami, amargi ing salebetipun wonten sabda kaliyan ajaran sang hyang Buddha Gautama. Tiyang-tiyang ingkat manut dhumateng ajaran punika nyathet kaliyan ndamel klasifikasi ajaranipun wonten ing tigang buku, inggih punika Sutta Pitaka (buku ajaran), Vinaya Pitaka (buku undhang-undhang para bhiksu kaliyan rahib) kaliyan Abhidhamma Pitaka (buku hukum metafisika).

Konsep Katuhanan utawi Gusti Allah

Ing ajaran Buddha, hyang Buddha punika sajatinipun sanès Tuhan atawi Gusti Allah. Konsep Gusti Allah ing agami Buddha punika bènten kaliyan konsep ing agami Monoteisme. Ing ngrika, jagatraya dipun ciptakaken déing Gusti Allah, lan paraning tiyang gesang punika wangsul ing ngarsanipun sampéyan dalem sang hyang Gusti.

Ing agami Buddha, paranipun tiyang gesang punika inggih saged dhateng ing kabuddhan (anuttara samyak sambodhi) utawi papadhang sejati ing pundi jiwa manungsa mboten lair manitis malih tumimbalahir sanès kalian (reinkarnasi). Punika sedaya inggih miturut karmanipun piyambak-piyambak. Mboten wonten déwa-dèwi ingkang saged maringi pitulung, namung usahanipun piyambak ingkang saged nggayuh Nirwana. Sang hyang Buddha namung tuladha kémawon, juru pandhu, kaliyan guru kanggé sedaya jalmi ingkang kedhah nglangkungi marginipun piyambak-piyambak lan ningali kaleresan kaliyan realitas sejati.

Aliran Buddha

Wonten sawetawis aliran ing agami Buddha:

  1. Buddha Theravada
  2. Buddha Mahayana
  3. Buddha Vajrayana
  4. Zen

Tripitaka

  1. Vinaya Pittaka, isinipun aturan-aturan sangha kanggé biksu utawi biksuni.
  2. Sutra Pittaka, isinipun bab wacana-wacana Buddha.
  3. Abhidharma Pittaka, isinipun panjelasan sistematis utawi ilmu pangetahuan saking Buddha.

Tigang Mustika

Tigang Mustika (Basa Sangskreta: त्रिरत्न Triratna utawi रत्नत्रय Ratna-traya, Basa Pali: तिरतन Tiratana)

  1. Buddha
  2. Dharma
  3. Sangha

Pancasila

  1. Pannatipata veramani sikkhapadang sammadiyammi, ingkang tegesipun kula gadhah tekad badhé nglatih dhiri kanggé nyélaki mejahi makhluk gesang.
  2. Adinnadana veramani sikkhapadang sammadiyammi, ingang tegesipun kula gadhah tekad badhé nglatih dhiri kanggé nyélaki mendhet punapa ingkang boten dipun sukakaken.
  3. Kamesu micchacara veramani sikkhapadang samadiyami, ingkang tegesipun kula gadhah tekad badhé nglatih dhiri kanggé nyélaki pedamelan asusila.
  4. Musavadha veramani sikkhapadang samadiyami, ingkang maknanipun kula gadhah tekad badhé nglatih dhiri kanggé nyélaki celathu ingkang boten leres.
  5. Surameraya majjapamadatthana veramani sikkhapadang samadiyami, ingkang maknanipun kula gadhah tekad badhé anglatih dhiri kanggé nyélaki sedaya dat ingkang andadosaken icalipun kasadharan.

Waisak

Para panganut agami Buddha ngriyayakaken Dinten Waisak ingkang sajatosipun gabungan pèngetan tigang prastawa:

  • Wiyosanipun sampéyan dalem Gusti Pangeran Siddharta (asmanipun sadhèrèngipun dados Buddha)
  • Dinten angsalipun papadhang Sampurna kagem sang atapa Gautama
  • Dinten sang hyang Buddha mangkat angsal manuju ing Nibbana/Nirwana.

Griya ngibadahipun tiyang Buddha dipunwastani wihara. Ananging griya ngibadahipun tiyang Cinten dipunwastani klenthèng.

Priksani ugi

Pranala njawi


 
Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.