[go: up one dir, main page]

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎Waisak: ganti isi, replaced: Ananging → Nanging
MGA73bot (parembugan | pasumbang)
c Bot: Mengganti gambar Borobudur-perfect-buddha edited.jpg dengan Borobudur-perfect-buddha.jpg
 
(12 révisi langsung déning 6 naraguna ora dituduhaké)
Larik 1:
{{artikel ing krama}}
[[Gambar:Borobudur-perfect-buddha edited.jpg|thumbjmpl|rightka|215px|Patung Buda ing [[candhi]] [[Barabudhur]].]]
 
'''Buda (ꦧꦸꦢ)''', saking [[Basa Sansekreta|basa Sangsekreta]] बुद्ध ingkang tegesipun ''Ingkang Wungu'', ''Ingkang sampun dugi ing papadhang estu''. Tembung punika dipunpendhet saking tembung Sansekreta: "Budh", ''kanggé mangertosi''). Tembung punika ugi gelar ingkang dipuncaosaken dhumateng tiyang ingkang sampun sadhar mangembangaken potènsi pribadhinipun piyambak kaliyan ingkang sampun ngembang kasadharipun. Ing panganggé wekdal samangké, tembung punika asring ngarujuk dhumateng [[Siddhartha Gautama|Sidharta Gotama]], guru agami lan ingkang yasa ngadhegaken Agami Buda (ugi dipunanggep "Buda kanggé wekdal samangké"). Ing pangangé ingkang sanès, tegesipun tuladha kanggé ''manungsa'' ingkang '''dipunparingi kasadharan'''.
 
Agami '''Buda''' miyos ing nagari [[India]], utawi langkung leres ing tlatah [[Nepal]] samangké. Agami punika miyos arupawujud satunggilipun reaksi dhumateng [[agama|agami]] [[Brahmanisme]]. Pandhéganipun inggih punika [[Siddhartha Gautama|Sidharta Gotama]] ingkang sami dipuntepangi minangka [[Buda Gotama]] déning para pandhèrèkipun. Ajaran agami Buda nyebar ngantos dumugi ing nagari [[Tiongkok]] ing taun [[399]]. Ingkang ngasta inggih punika satunggiling [[bhiksu]] ingkang namanipun [[Fa Hsien]]. Masarakat [[Cina|Cinten]] ugi angsal prabawa saking [[Tibet]] ingkang sampun dipunmodhifikasi dhumateng tradhisi lokal.
 
Ing tanah Jawi, agami punika ugi sampun wonten ing [[abad kaping 5]]. Candhi [[Barabudhur]] ingkang langkung saé ing rat punika, yasanipun para ratu saking wangsa [[Syailendra]] ingkang memengkoni praja ing [[Jawa Tengah|Jawi Tengah]] watawis [[abad kaping 8]]. Para panganut Buda boten nganggep manawi [[Siddhartha Gautama|Sidharta Gotama]] punika sang hyang Buda ingkang kaping sepindhah punapa ingkang pungkasan. Dipuntingali kanthi teknis, Buda, punika satunggiling tiyang ingkang sampun kapanggih ing [[Dharma]] (ingkang kagungangadhah kersa: Kaleresan; prakawis saèstunipun, akal budi, kasulitan kawontenaning manungsa, kaliyan marga ingkang leres manuju ing kamardika (jiwa) mawi [[Bodhi|Kasadaran]], ingkang dhateng salepasing [[karma]] ingkang saé (tujuan) dipunlestarèkaken saimbang kaliyan sadaya tingkah laku ingkang awon dipuntilar.
 
Anggènipun anggayuh [[nirwana]] ([[basa Pali]]: nibbana) punika sami kemawon ing tigang jinising Buda, namung Samma-Sambuddha langkung nggatèkaken ing kwalitas kaliyan usaha tinimbang kalih Buda sanèsipun. Tigang golongan Buda punika inggih:
* ''Samma-Sambuddha'' ingkang angsal Kasadaran paripurna tanpa guru, namung déning usahanipun piyambak.
* ''Pacceka-Buda'' utawi ''Pratyeka-Buda'' ingkang mèmper Samma-Sambuddha, nanging mesthi mèndhel lan nyinggahaken dharma ingkang sampun kagayuh kanggé dhiri pribadi piyambak.
* ''Savaka-Buda'' ingkang awujud [[Arahant]] (siswa kasadaran), nanging saged nggayuh tahap Kasadaran kanthi mirengaken Dharma.
 
Saben ilèn Buda adhedhasardhedhasar [[Tripitaka]] ingkang dados rujukan utami, amargi ing salebetipun wonten sabda kaliyan ajaran sang [[hyang Buda Gotama]]. Tiyang-tiyang ingkat manut dhumateng ajaran punika nyathet kaliyan ndamel klasifikasi ajaranipun wonten ing tigang buku, inggih punika Sutta Pitaka (buku ajaran), Vinaya Pitaka (buku undhang-undhang para bhiksu kaliyan rahib) kaliyan Abhidhamma Pitaka (buku ukum metafisika).
 
== Konsep Katuhanan utawi Allah ==
Larik 31:
# Vinaya Pittaka, isinipun aturan-aturan sangha kanggé biksu utawi biksuni.
# Sutra Pittaka, isinipun bab wacana-wacana Buda.
# Abhidharma Pittaka, isinipun panjelasanwedharan sistematis utawi ngèlmu pangetahuan saking Buda.
 
== Tigang Mustika ==
Larik 49:
Para panganut agami Buda ngriyayakaken [[Dina Waisak|Dinten Waisak]] ingkang sajatosipun gabungan pèngetan tigang prastawa:
* Wiyosanipun sampéyan dalem Gusti Pangeran Siddharta (namanipun sadhèrèngipun dados Buda)
* Dinten angsalipun papadhang Sampurna kagemkanggé sang atapa Gotama
* Dinten sang hyang Buda mangkat angsal manuju ing Nibbana/Nirwana.
 
Larik 65:
{{sisterlinks|Buda}}
* [http://www.walubi.or.id/ Perwalian Umat Buda Indonésia (Walubi)]
* [http://www.InfoBuddhis.com Médhia Informasi lan Komunikasi Umat Buda - FKUB DKI Jakarta, Budiman Sudharma ,S.H.] {{Webarchive|url=https://web.archive.org/web/20080906115812/http://www.infobuddhis.com/ |date=2008-09-06 }}
* [http://www.gemabudhi.org/ Generasi Muda Buddhis Indonésia (GEMABUDHI)] {{Webarchive|url=https://web.archive.org/web/20131216061629/http://www.gemabudhi.org/ |date=2013-12-16 }}
* [http://www.dhammacitta.org/ Sabda Buda]
* [http://www.buddhanet.net/index.html BudaNet]
* [http://www.lensculture.com/buddha.html Gambar lan foto Buda ing donya] {{Webarchive|url=https://web.archive.org/web/20060615140312/http://www.lensculture.com/buddha.html |date=2006-06-15 }}
* [http://www.what-Buddha-taught.net Piwulanging Buda]
 
Larik 75:
{{artikel pilihan}}
 
[[Kategori:Buda| ]]
[[Kategori:Agama]]
[[Kategori:Artikel mawa basa krama]]